Tembung Entar Yaiku: Contoh Kalimat (Tegese lan Ukarane)

Negara Indonesia memiliki banyak bahasa dan budaya. Sebagai warga negara yang baik sudah seharusnya kita belajar dan memahami bahasa dan budaya masing – masing di daerah kita. Salah satu bahasa terbanyak di Indonesia adalah menggunakan bahasa jawa.

Bahasa jawa sendiri memiliki jenis-jenis tembung atau kalimat yang bermacam-macam. Contohnya tembung dalam bahasa jawa seperti tembung bebasan, tembung parikan, tembung entar, tembung saloka, tembung saroja, dan sebagainya.

Pada pembahasan kali ini mimin akan mengulas tembung entar, contoh tembung entar tegese lan ukarane. Baiklah langsung saja, simak tentang opo seng diarani tembung entar ? Contoh kalimat tembung entar lan tegese dalam bahasa jawa.

Baca Juga:

Pengertian Tembung Entar

Entar ing basa Kawi tegese bablas tumrap sesurupan, mangkat, lunga. Ing basa Jawa anyar tegese yaiku dudu tegese kang baku, utawa silihan tumrape tetembungan (Poerwadarminta, 115). Ing basa Indonesia diarani makna kiasan.

Dalam bahasa indonesia tembung entar adalah kata yang tidak bisa diartikan sebenarnya atau apa adanya.

Contoh Kalimat Tembung Entar

A

1. Abang Kupinge
Amarga hapene dirusak kancane, wong kuwi banjur abang kupinge.
Goro-goro sedulure gunemane ora sopan, Chika dadi abang kupinge.
2. Asor Bebudine
Mbangun miturut marang wong tuwa yaiku bocah sing asor bebudine.
3. Adus Keringet
Bapakku sing makarya kanthi adus keringet.

B

1. Bening Atine
Putri nduwe akeh kanca amarga deweke bening atine.
Vina disenengi tangga ne amarga bening atine.
Dadi bocah kuwi kudu bening atine marang wong liyo.

C

1. Cilik Atine
Kancaku sing umure wis 30 tahun, isih seneng cilik atine.
2. Cancut Taliwanda
Si A khe nglakoni cancut taliwanda kanthi sregep.
3. Cepak Jodhone
Si A khe cepak jodhone mergo ayu.

D

1. Dowo Tangane
Ampun dadi wong sing dawa tangane.
Dadi bocah ojo seneng dowo tangane, iso diarani clemer.
Dadi bocah ampun dawa tangane, mundak cilaka mburine.
Wiwit dheweke manggon ing kene, akeh barang sing ilang dheweke iku kalebu wong sing dawa tangane.
2. Dawa Ususe
Wong kuwi wis bola bali diece tetep wae dawa ususe.
Ibune Bayu kuwi dawa ususe ngadepi sikap e Bayu.

G

1. Gantung Kepuh
Si A khe kethok lusuh mergo ora tau gantung kepuh.
2. Gedhe Omonge
Andik kuwi ternyata gedhe omonge
3. Gedhe Sirahe
Amarga ning kelas ranking 1, banjur kancaku kuwi gedhe sirahe.
4. Golek Slamet
Wong urip iku pancen mlakune mung golek slamet.
5. Gedhe Endhase
Dadi manungsa aja gedhe endhase, nanging gede pambudine.
Bocah iku gedhe endhase, saben saben tansah mamerake kasugihane.
Amarga oleh ranking 1, Sandra maleh gedhi endhase.
Si A ke amung gedhe omonge ora ono buktine.

I

1. Idu Geni
Yen guneman sing ngati-ati, ojo nganti idu geni.

J

1. Jembar Segarane
Pak Bagiyo kuwi jembar segarane.

K

1. Kandel Kupinge
Yen dingendikani karo wongtua iku ampun kandel kupinge.
Adikku kuwi kandel kupinge mangkane nek di tuturi ibu ora tau manut.
2. Kaku Atine
Dipo kae bocah sing kaku atine, mulane kudu disabari.
Bocah kae nadyan kaku athine.
Nisa kaku atine dadi kudu akeh istigfar ngadepi nisa.
3. Kegugah Atine
Alhamdulillah sandy wis kegugah atine.
4. Kembang Lambe
Ani dadi kembang lambe ing desone amergo ayu tingkah lakune.
Rina dadi kembang lambe ing kantor Guru amarga kepinterane.
5. Kethul Pikire
Wawan iku kethul pikire, diwarahi ping 10 yo gk iso-iso.

L

1. Lambe Tipis
Lambe tipis klambi abang kae jenenge sapa?
2. Landep Nalare
Amarga sregep sinau, bocah kuwi dadi landep nalare.
3. Landhep pikire
Rudi kuwi bocah sing landhep pikire mangkane mesti rangking 1
4. Lara Ati
Yen kowe wani marang wong tuwamu, penjengengane bakalan lara ati.
5. Lunyu Ilate
Bocah kuwi yen gawe janji lunyu ilate.
Aja percaya karo omongane dheweke iku kalebu wong sing lunyu ilate.
6. Lurus Lakune
Anake pak Warto kae pancen lurus lakune.

M

1. Manis Eseme
Manis eseme Rani garai ayem atine wong seng nyawang.
Cindy iku bocah kang manis eseme
2. Mata Dhuwiten
Adhik ku seneng banget oleh sangu akeh, patrah dasar bocah mata dhuwiten.
3. Meres Pikir
Pak Pardi meres pikir polahe anak e seng angel dikandani.
4. Mogel Ilate
Keluargane pak Boiran iku sak ben dinone mogel ilate.
5. Medhot Dalan
Pak kasim medhot dalan mergo sampun kesel.

N

1. Ngabangake Kuping
Omongane ngabangake kuping kudu nguncali watu wae.
2. Ngemut Driji
Yen nyambut gawe ora tenanan, mesti akhire ngemut driji.
3. Nyolok Mata
Cindy iku nyolok mata (ketara banget) yen pinter.

P

1. Padhang Pikire
Dadi uwong iku seng padhang pikire ben seng nyawang ki ayem.

R

1. Rai Gedheg
Senajan wong kuwi pinter, nanging kok bocahe rai gedheg.
Bu Rohmat pancen rai gedheg, saben dino ngelokake tanggane wae.
Bocah wadon kok rai gedheg.
2. Rupak Atine
Ojo rupak atine mengko gk duwe konco.

S

1. Sabuk Gelang
Pak lurah khe sugih amarga sabuk gelang (sawahe akeh banget).

T

1. Thukul Pikire
Dadi wong iku seng thukul pikire ben akeh koncone.

U

1. Udan Tangis
Isuk-isuk griyane Pak Nur wes udan tangis saka dulur-dulur e amarga maratua ne Pak Nur seda.
Wong kuwi akeh manfaate kangge lingkungan, mula basen wong kuwi seda, banjur udan tangis.
Keluargane mbah boinah udan tangis, mergo pak dori sedo.
2. Utang Wirang
Tumindaka sing becik kareben ora utang wirang.
3. Utang Nyawa
Si A khe tau utang nyawa marang si B.

W

1. Wedi Getih
Mbak q dadi bocah wedi getih yen weruh kewan nggremet.
2. Weteng Karet
Si A khe weteng’e weteng karet mergo mangan gak ono mandhek’e.

Tembung Entar

A

abang kupinge : nesu banget
(ng)abangke kuping : gawe nesu
abang abang lambe : ora temenan, mung lelamisan
abang raine : nandhang isin (wirang)
adol ayu : ngendelake ayune
adol bagus : ngendelake baguse
adol gawe : ngatonake penggaweyane
adol kringet : nyambut gawe
adol kwanen : ngendelake kwanene
adol krungon : golek golek warta/kabar
adol sendhe : adol barang menyang gadhen
adol umbag/umuk : akeh omonge, ning ora ana nyatane
adus getih : tatune nemen banget
adus kringet : nyambut gawe, abot banget
adus luh : nemen anggone nangis
akeh sandhungane : akeh alangane
ala jenenge : kurang dipercaya
ala kandhutane : ala watake
ala tembunge : tembunge kasar/saru
alus tembunge : kepenak dirungokake
amba jangkahe : bisa ikhtiyar mrana-mrana
apus krama : dibujuki/diapusi cara alus
asor budine : bebudene ala
asor yudane : kalah
ati dhondhong : atine ala
atine ana wulune : atine ala/dengki

B

(m)balang liring : nglirik mripat
bau suku : abdi/batur
bau tengen : wong kang dipercaya
bening atine : sumeh
(m)buang sangkal : ngilangi/mbuang apes
(m)bukak wadi : ngandhakake wewadine
(m)buang tilas : nutupi tumindake sing ala

C

cagak lek : camilan supaya betah melek
cagak urip : kanggo nyukupi kebutuhan uripe
cancut taliwanda : tandang gawe
cangkem gatel : seneng ngrasani/nggunem
cedhak umure : gelis mati
cepak jodhone : gelis oleh jodho
cepak rejekine : gampang oleh rejeki
cilik atine : kuwatir/wedi
cupet atine : gampang nesu
cupet budine : ora bisa nggayuh kautaman
cupet jangkahe : ora bisa golek sarana
cupet nalare : ora bisa mikirake werna-werna
cupet pangandele : ora percaya

D

dadi gawe : ngrepotake
dawa-dawa uja : perkara kang ora uwis uwis
dawa tangane : seneng nyolong jupuk
(n)dhedher kautaman : nandur kebecikan
dhuwur atine : gumedhe
dhuwur pangkate : dadi wong pangkat/panguwasane

E

empuk rembuge : guneme enak dirungokake
entek atine : keweden/kuwatir banget
entheng sanggane : ora rekasa
entheng tangane : seneng tandang gawe

G

(ng)gadho ati : gawe susah ati
gantung kepuh : sandhangane ora tau ganti
(ng)gantung untu : selak kepingin mangan
gedhe atinee : tatag; ora kuwatir
gedhe endase : sombong (kemlungkung)
gedhe omonge : umuk ora ana nyatane
gedhee tekade : ora gampang pasrah
(ng)gedhekake puluk : ora ana prihatine
(ng)gegem tangan : kesed nyambut gawe
gilig rembuge : rembugane pasti/mesti
gilig tekade : tekade ora bakal mundur
(ng)gilud kawruh : golek ilmu kanthi mempeng
golek slamet : ati-ati supaya, ora cilaka
golek urip : nyambut gawe nggo nyukupi butuhe

I

idu geni : omongan tansah kelakon
ilat mati : ora bisa ngrasakake
ilang klilipe : ilang mungsuhe

J

jakalara : rikala nom-e rekasa
jembar dhadhane : sugih pangapura; sabar banget
jembar kawruhe : akeh ngilmune
jembar kubure : mlebu swarga
jembar polatane : sumringah
jembar segarane : sugih pangapura; sabar
jero kawruhe : akeh ngilmune; pinter

K

kadalu warsa : kasep; wis kliwat
kandel kulite : digdaya; sekti
kandel kupinge : ora nggugu pitutur
kaku atine : tansah ora sarujuk/sulaya
kasar tembunge : tembung saru
katon dhadhane : wani adu arep
kegugah atine : sadar/eling
kelepetan ala : katut ala
kembang lambe : tansah digunem kebecikane
kakehan tangan : kakehan sing nyandhak
kembang urip : lelakone wong urip werna-werna
kena tinenga-tenga : kena disambati
kenceng karepe : kekarepane kudu keturutan
kenceng tekade : tekade ora bakal mundur
kulak warta : golek kabar/warta
kuwat drajat : cocok dadi pemimpin/panguwasa
kuwat isin : mblebes ora isinan
kuwat mangan : mangane akeh

L

lambe tipis : criwis/akeh omonge
landhep dhengkul : kethul banget
landhep pikirane : pinter banget; gampang ngerti
lara ati : serik atine
lara ayu : lara cacar
lara owah : edan; gendheng
larang pangan : paceklik
lobok atine : sabar
luhur budine : kelakuane becik/apik
luhur drajate : dadi wong pangkat/panguwasa
lurus lakune : jujur
lumah tangan : ora gelem cawe-cawe
lunyu ilate : guneme mencla-mencle

M

manis eseme : esem ngresepakake ati
manis rembuge : guneme nyenengake ati
mara tangan : seneng gawe lara/milara
masa bodhoa : pasrah
mata dhuwitan : srakah marang dhuwit
mata loro : mangro tingal
mateni pangane : gawe ilang panguripane
mateng kawruhe : mumpuni; kawruhe wis tutug
mateng rembuge : guneme wis disarujuki
mati sandhang pangane : ilang dalane golek panguripane
mati raga : prihatin; tapa, tirakat
medhot dalan : ora diterusake
metani lupute : nggoleki salahe
meres kringet : nyambut gawe mempeng
meres pikir : temenan anggone mikirake
mogel ilate : mangan sing sarwa enak
mogol sinaune : ora tutug sekolahe
murang tata : kurang ajar, ora duwe duga

N

nandhang sungkawa : lagi susah
nandur kebecikan : gawe kebecikan
ngadu wuleding kulit : adu kekuwatan
ngangsu kawruh : golek ngelmu/meguru/sekolah
ngatonake siyunge : nuduhake kekuwatane/ kuwanene
ngatonake dhadhane : umuk, sumbar
ngekep dhengkul : nganggur ora nyambut gawe
ngendhaleni hawa napsu : nyegah kekarepan ala
ngepuh kringet : nyambut gawe mempeng
ngemut driji : ora oleh apa-apa
nyolok mata : ketara banget

O

oleh ati : disenengi
oleh gawe : kaleksanan
oleh wirang : kisinan
oleh lara : kalaran
ora duwe ati : kuwatir banget, weedi
ora melek : ora ngerti
ora ngundhuh : ora oleh apa-apa

P

padhang dalan : mlebu swarga
padhang hawa : lair ing donya
padhang langite : seneng
padhang pikire : lega seneng
padhang ulate : sumeh
pait getire urip : warna-warna lelakone wong urip
pait lelakone : urip rekasa
panas atine : nesu banget
pecah pamore : wis ngancik diwasa
pecah pikir : wiwit bisa golek srana
pedhes rembuge : guneme gawe serik
perih atine : susah banget
peteng atine/pikire : susah
pingget atine : serik
pulih getihe : pak-puk, ora kalah ora menang
puput yuswa : mati, seda

R

rai gedheg : ora duwe isin
(ng)rengga praja : njaga negara
(ng)rengga salira : dandan/macak
runtuh atine : tuwuh welase
rupak atine : cugetan/ora gampang ngapura
rupak jagade : judheg; ora bisa mrana-mrana

S

sabuk gelang : sawahe akeh banget
sepi kawruh : bodho/ora duwe ilmu
sepi pamrih : ora duwe pamrih
seret rejekine : ora gampang golek rejeki
sesak dhadhane : mangkel/anyel
sumpeg atine : susah/sedih

T

tadhah kalamangsa : dipangan
tadhah udan : lirangan gedhang sing dhuwur dhewe
tatu atine : serik banget
tanpa tilas : entek blas
tipis lambene : criwis, seneng nggunem wong liya
thukul pikire : nduwe akal
thukul turune : nduwe anak

U

udan tangis : akeh sing padha nangisi
ulat peteng : katon nesu
ulat manis : sumeh
utang lara : tau nggawe laran wong liya
utang nyawa : tau nggawe patine wong liya
utang pati : tau nggawe patine wong liya
utang wirang : tau nggawe wirange wong liya

W

walang ati : sumelang/kuwatir
wani mati : nekad/kendel banget
wani silit wedi rai : ora wani terang-terangan
weteng kadit : dremba/ora tampikan
weteeng karet : panganane akeh
wedi getih : jirih/ora wani
wedi kangelan : lumuh/kesed

Contoh Ukara Tembung Entar lan Tegese

1. Menawa omong-omongan karo kanca-kancane  dheweke mesthi lunyu ilate.
Tegese: mencla-mencle
2. Faiz kuwi wonge rai gedheg.
Tegese: ora nduwe isin
3. Budi saben dina adus kringet kanggo nyukupi kebutuhan kaluwargane.
Tegese: kerja keras
4. Alif nek karo kancane, jembar segarane.
Tegese: sabar
5. Saben weruh panganan, Pak Joko mogel ilate.
Tegese: senengane mangan nganggo lawuh kang enak-enak.

Tinggalkan komentar